Search This Blog

Wednesday, September 14, 2011

Ngamen 2 (Asolole Icik2 Ahum) by Eny Sagita

Mak, iki anakmu prawan
Wiwit biyen ono ning perantauan
Melu ngewangi ning kantin sekolahan
Telung sasi, Mak, aku durung bayaran.

Mak dongamu mandi tenan
Diijabahi marang Gusti Pangeran
Koyo ngene rasane wong ora duwe
Duwe pisan diece karo kancane.

Eling-eling manungso bakale mati
Yen wis mati dikubur sanak family
Dipendem jero diapit bumi.



Ono kubur iku akeh pandosa
Ulo, klabang, kolojengking podo moro
Ono setan membo2 dadi prawan
Bene krasan ono ning jero kuburan.

Ning akherat ora ono montor liwat
Ning akherat ora ono sego berkat
Ning akherat ora ono mejo billiard
Anane godone malaekat.

Saksugih-sugihe uwong mesti ono mlarate
Sakmlarat-mlarate uwong mesti ono celengane.

Mangkane golek bojo ojo mandang rupo
Rupo elek kuwi yo ora dadi ngopo
Mangkane golek bojo ojo mandang bondho
Sing penting ora ngentekke bondho morotuwo

Kowe pancen keren le, koyo bekas pacarku biyen
Kok eman, eman tenan kerenmu mung kanggo obralan
Ngobral-ngobral janji, durung mesti uripmu mulyo
Wiwit mulo aku wis kondo, melu Pakmu urip nang ndeso
ngewangi nggawe boto, menek klopo ceblok bongko......

Download Lagu Ini!

No comments: